Senin, 06 Januari 2014

Mimpi

Pas SD ak ditakoki guruku
“Mimpimu opo le?”
Aku bingung kate jawab opo
Lek jare Susi “Mimpiku dokter!”
“Mimpiku pilot,” jare Basuki
Aku sek bingung, tak takokne ibukku
“Mimpiku opo yo buk penake?”
“Lha senenganmu opo?!” ibuk malah balek takok
“Aku ora duwe senengan buk.”

Aku mlebu SMP, ditakoki meneh karo guruku
Aku saiki wes duwe mimpi
“Mimpiku presiden pak!”
Guruku langsung ngguyu karo takok konco-koncoku sak kelas
“Rek, pantes ora arek koyok ngene dadi presiden?”
Arek-arek podo mesem-mesem
Kate ngguyu ngakak wedi diseneni
“Lek ngimpi iku dikiro-kiro sek, wes pantes ora?!” jarene karo nguwasne raiku

Aku sek bingung opo iku mimpiku
Rumangsaku mimpi mek gawe arek seng ancene pinter
Lek ora ngono gawe anake wong sogeh utowo pejabat
Arek goblok lan ora iso opo-opo pantese mek sampek mimpi teles!

Sampek lulus kuliah ak sek bingung
“opo mimpiku?”
Sampek aku kerjo nang Bali duwe bos wong Jakarta
“Mimpi elu ada di Jakarta, one day elu harus ke sana!”
Aku ngimpi, tapi sek durung wani
Jarene wong-wong, Jakarta iku kejam!

Aku pindah kerjo nang Malang
Ketemu arek wedok
Ora pati ayu tapi tingkahe nyenengno ati
Kiyayalan, seneng guyon lan pinter
Tak takoki opo mimpine
Jakarta!

Aku duwe mimpi!
Mimpiku wes cedek!
Umur 23 tahun kaet duwe mimpi, wong opo aku iki!

Wes ayo budal cah ayu
Dewe-dewe ketemu ndek Jakarta
Ora mampir Suroboyo sek? Ora!
Cah ayu ilang
Mimpiku tambah adoh!

3 komentar:

Senja Rin mengatakan...

keren

Unknown mengatakan...

Salam pergerakan mas Lugas, lama sudah tak bersua, lama tak pernah dengar kabar, namun ttap aja masih nulis yaa mas, kapan yaa mas bisa sharing", sepertinya saya sudah mulai sedikit jatuh cinta sama tulisan-tulisannya mas lugas :)

Ditunggu kehadiran mas lugas ditengah-tengah sahabat lagi :)

Lugas Wicaksono mengatakan...

Ak sekarang di Buleleng, Bali bersama Abdul Karim Abraham (Iboy). Entah kapan bisa ke Malang.
Setiap hari ak nulis di Harian Tribun Bali. Portal www.tribun-bali.com
Ak gak sempat ngeblog lagi broo...hehe

Posting Komentar

lugaswicaksono.blogspot.com
 
;